Jumat, 02 Juli 2010

Andhe andhe lumut the story

Andhe andhe lumut

    Sawijining dina urip wadon sing jenenge mbok randha ing desa dhadhapan. Mbok randha iku duwe anak pupan nggenteng banget, jenengan Andhe andhe Lumut, wis akeh wong sing pingin ngapek mantu tapi ora gelem.
Mbok randha            :”le…..le…rini ‘o ta le…. Simbok pigin ngomong !”
Andhe andhe lumut    : enten nopo to, mbok… ?“
Mbok randha            : “ le….si mbok iku wis tua, Si mbok pingin banget mirsani kowe kawin!”
Andhe andhe lumut    :”Sakjane kula nggeh pingin nyenengake panjenengan, Mbok nanging sampek sakniki kula tasik dereng nemukaken wong wadon sing cocok”.
Mbok Randha           :”Ndang dolek’o ta, Le……Mosok wong wadon sak mono akehe sing tau nglamar kowe gak ono sing cocok?”.
Andhe-andhe lumut :”Sakjane kula sampun duweni calon bojo,namine putri Candra Kirana,nanging piambake ilang ten alas”.
Mbok Randha           :”Ya Allah….Le…Le….Ngenes banget to uripmu.yo wis ta,Le!Saiki ya’ opo nek si Mbok ngadakake sayembara kanggo nggolek pasangan urip sing cocok karo awakmu.Sapa wero Putri Candra Kirana iku melu”.
Andhe andhe Lumut:”Yo wis,Mbok!”.

    Ora adoh saka desa kono uga ana randha jenenge Mbok Randha Karangwulusan.Mbok randha mau duwe anak wadon papat,rupane ayu-ayu.Sing telu anake dhewe, seng siji anak pekpean. Anake sing pembarep jenenge klenting abang, sing nomer loro jenenge klenting ungu lan sing nomer tiga jenenge klenting biru.lan sing nomer papat anak pekpean jenenge klenting kuning.

Mbok Randha           :”Ndok …ndok …rene’o ta ndok!”
Klenting Ungu            :” wonten napa to mbok?”
Mbok randha            : “ si mbok mau pas nek pasar krungu woro-woro yen ndek deso dhadhapan bakal ono sayembara. Sapa wae sing duweni anak wewadon bisa melu seyembara.”
Klenting ungu             :” handsome ta mbok?”
Mbok Randha           : “Handsome iku panganan apa ta nak?’
Klenting ungu             : ya…..allah,mbok….mbok …sampeyan iku wes urip ndek deso aja desa-desa nemen po’o !handsome wae ga’ ro.’
Mbok randha            : “ kowe kok ngono sih nak karo mbok! Kowe ku wis tak gembol lan tak ramut ket cilik sampe’ gedene kayak ngene, sak iki kok koyak ngene .’
Klenting ungu             :” ya …wis ta mbok, aku tak ngalah. Saiki aku tak ngandani dulur _- dulurku supaya siap – siap .”
Mbok randha            :’yo wis….ndang rono’o.”
Klenting ungu             ;” e…. dulur-dulur rinio ta! Aku duwe wara-wara, sakjane aku gak pengen ngomong ene nang awakmu berubung kowe –kowe dulurku, aku gak tego.’
Klenting abang           ;”ana apa sih dek?”
Klenting ungu             :”aku mau dikandani si mbok, nek nang desa dhadhapan ana sayembara, sapa wae wewadhon sing durung duweni bojo bisa melu sayembara iku.”
Klenting abang           :”ganteng ta dek ?”
Klenting ungu             ;”jarene si mbok sih ganteng. Nanging aku gak we roh. Polahe aku durung tahu ketemu karo dheweke.’
Klenting biru              ;”yo…wis….ayo dandan ndang buda!”
Klenting kuning          :”mbak …. Panjenengan jange nang endi sih….?”
Klenting ungu             :”aku jange metu …Apa’o sih kowe jange melu ta ?”
Klenting biru              :”aja…mbak ….aja …mbak…Arek iku loh kumel.”
Mbok randha            :”kowe iku lapo ae yo nak …rame ae ket mau . kalo di deleng tangga-tanggan.”
Klenting abang           :”iku loh mbok, klenting kuning kape melu sayembara.gak diolehi ndang meksa ku?”
Klenting Kuning         :”Mbok….aku oleh melu sayembara bareng mbak-mbak ga?”.
Mbok Randha           :”Apa…..melu!wis ga melu-meluan.yen kowe melu sapa sing ngresiki omah?Mbok iki wis tua,tenagane wis entek!”.
Klenting ungu             :”iyo,Mbok…..ojo oleh melu!”.
Klenting Kuning         :”Ya wis,mbok aku ga melu.aku tak ngresiki omah wae!”.
Mbok Randha           :”Ya wis….Ya wis…..Kowe oleh melu,nanging kowe kudu ngresiki omah disik.Terus yen budhal ojo bareng karo dulur-dulurmu lan ojo ngaku anakku”.

Klenting abang           :”Klenting kuning…..jupukno klambiku sing anyar!!”.
Klenting kuning          :”Nggeh….nggeh…Mbak!”.
Klenting ungu             :”Klenting Kuning jupukno sepatuku sing anyar!!”.
Klenting Kuning         :”Nggeh..nggeh…Mbak!”.
Klenting biru              :”Klenting Kuning jupukno suriku sing ijo!!”.
Klenting Kuning         :”Nggeh…nggeh…Mbak!”.
Klenting Abang,Biru lan Ungu:”Klenting Kuning cepet !!!(bebarengan).

     Sawise dandan klenting abang, Ungu, lan biru langsung menyang ing desa dhadhapan. Ora suwe tekan ing kali lagi banjir. Ing kono ana tukang nyeberangake jenenenge Yuyu Kangkang.

Yuyu kangkang          :” tindak pundit cah ayu ??”
Klenting abang           :”kula lan adhik – adhik kula bade tindak ing desa dhadhapan !!”
Yuyu kangkang          :”aku bakal nyeberangake kowe, tapiana syarate!!
Klenting abang, ungu, lan biru :” apa syarate ??”
Yuyu kangkang          :” syarate yo iku kowe lan sedulur – dulur kudu gelem ta’ ambung “
Klenting abang, biru, lan ungu
                                 :”iiih wow”(bebarengan)
Yuyu kangkang          :” gelem ta gak, gak gelem gak ta sebrangno!”
Klenting abang, biru lan ungu:”yo,wis,yo,wis.”

Akhire klenting telu mau di ambung siji-siji. Sawise iku klenting telu mau disebrangno yuyu kangkang. Klenting telu mau tekan omah Andhe-andhe lumut.
Klenting abang           :” (tok….tok…. tok….)”asssalamualaikum!”
Mbok randha            : ”wa alaikum salam, enten napa ta cah ayu?”
Klenting abang           : ”niku lho, kula lan adhik adhik kula badhnemoni andhe andhe lumut”
Mbok randha            :”oalah… yo wis mlebuo dhisik. le… le… rinio ta le ! iki lho ana cah ayu kate ketemu kowe”
Andhe andhe lumut    : “ sinten ta mbok?” {metu teka kamar}
Mbok randha            ; ’ koweh  milih singndih ta le…?”
Andhe andhe  lumut   :” sik ta,mbok. Kok ambu amis yo!”
Klenting ungu             :” sembarangan panjenengan iku, panjenengan ngiro kita ambu amis yo..?”
Andhe andhe lumut :”Yo  sepurane, tapi mbok aku ora gelem milih salah sawijine tekan cah ayu ayu iki. Amergo aku eroh,yen cah ayu telu iki wis diambong karo yuyu kangkang”
Klentin abang, ungu, lan biru
:” Delangen bakal nyesel uripmu. Wis nampek kene kene, garwamu bakan empek dari kita kita”

Saiki ganti klenting sing budhal. Lakune mlakune sempoyongan karo nggawa teken cis. Bareng tekan pinggir kali sing isih banjir.
Klenting kuning             :” loh… lah kok banjir? Terus kepriye aku bisa lewat?” {bingung}

     Tekan adoh yuyu kangkang ndelokklenting kuning sing kummel. Dheweke ora gelem nulung klenting kuning amergo dheweke , klenting ora duwe duwit kanggo upahe.

Klenting kuning       :” nyuwun sewu, yuyu kangkang.kula badhe nyuwun tolong sebrangake ten meriko. Kula badhe melu sayembara. Saget mboten?”
Yuyu kangkang       :” emoh … aku ora gelem.wong kowe kumel ngono, yen aku sebrangno kowe, kowe bisombayar gawe apa? Wis ngaleho kono, kowwe gak bakallewat kene!”

   Klenting kuning kemporok atine, kali sing banjir mau disabet karo cis, asat sanalika. Klenting kuning banjur mlaku enakeanak bae . waruh mengkono mau, yuyu kangkang nggumung, wedi lan banjur nyuwun pangapura ten kenting kuning, barang wis nyabrang kali,cis disembet aken ing kali lan kali sing asat mau banjir maneh.

Yuyu kangkang          :” hah….ora mungkin!! Wah arekiki sakti banget yo!! Klenting kuning kula nyuwun sepurane ngeh… amergo kula wis jahat karo kowe.”
Klenting kuning          :” iyo..iyo… kula sampun nyepurani sameyan kok. Yo wis ya,kula badhe ten desa dhadapan, griyane andhe andhe lumut!!
Yuyu kangkang          :” matur suwun,kuning. Kowe pancenarek sing apik banget. Yo wis ati ati!!

     Ing dalan banjur kepethuk klenting abang, lan adhik adhike.dheweke dienyek bakalan ditampa andhe andhe lumut.

Klenting abang           :” he.. klenting kuning kowe ojo ngarep ngarep yo. Kowe  bakalan ditampa karo andhe andhe lumut. Kowe wis elek lan kumal!!”
Klenting biru              :” iyo.. sapa sing bakal gelem nerimo arek wadon sing kumal koyok kowe.”
Klemting ungu            :”yo mesti ae, mbak!! Awak dhewe sing ayuayu ae ditampa apamaneh klenting kuning, pasti andhe andhe lumut bakalan ora sudhi nerima { klenting kuning nerusakunmlakune lan gak ngerungoaken omongane dulure mau!!”}
Klenting abang           :” hah ,,dasar cah gemblong ora ngereken omonganku, awas koe!!”

Akhire klenting kuning tekan ing omahe andhe andhe lumut !!!!

Klenting kuning          :”{ tok..tok..tok…}asslamualaikum!!
Mbok randha            :” wa ailikumsalam.enten nopo cah ayu?”
Klenting kuning          :” kula badhe nemoni andhe andhe lumut!”
Mbok randha            :” oalahh… yow is melbu’o dhisik. Le..le… rini’ota le..! iki ana cah ayu kate ketemu awakmu!!”
Andhe andhe lumut    :” sinten maneh sih mbok?”
Mbok randhe            :” iki lho cah ayu saka desa sebelah
Andhe andhe lumut    :” {metu teka kamar}
Klenting kuning          :” panjenengan andhe andhe lumut kan. Kenalno kula klenting kuning. { salaman karo andhe andhe lumut}
Andhe andhe lumut    :” kok mirip banget karo candra kirana yo!!”
Mbok randha            :” le…. pundhutna ngombe dhisik le !”
Andhe andhe lumutngge mbok!” {mlaku nang pawon}

    Ga’ suwe andhe andhe lumut metu tekan pawon. Anging andhe andhe lumut
kesandung lan banyu sing digawa nyiram awake klenting kuning, klenting kuning banjur dadi putri Candra kirana.
Andhe andhe lumut    :” Canra kirana ….. akhire aku biso ketemu kowe.”
Candra kirana            :” Engge raden putro”
Andhe andhe lumut    :” Putri kirana … would you married me??”
Candra kirana            :” yes I would!”

Akhire andhe andhe lumut lan candra kirana menyang jenggala . lan mbok randa sakarane banjur diaturi nderek, dimuktakake .klenting abang lan adhik adhike di panggil paukum banjur diadaken abdine….

Tamat…

Free KEY SMADAV 8.2